Valentine's Day Pumping Heart

Selasa, 05 Juni 2012

CERITA..

Jumat, 30 Desember 2011

unggah-ungguh basa

  Basa jawa iku beda karo basa liyane. jroning basa jawa iku ora mung ngandhut piranti kanggo sesambungan wae(komunikasi), nanging uga ngandhut ajaran tata krama lan sopan santun/tumindak/patrap.
   ing basa indonesia lan basa liyane pangerten ukara  "apa kowe wis mangan?" bisa ditrapake kanggo sapa wae, nanging ing basa jawa beda. bedane saka pangetrapane iku gumantung marang sapa sing diajak ngomong. ancase kanggo ngormati wong sing diajak ngomong, jalaran wong jawa iku ngugemi prinsip ngormati wong liya lan ngasorake awake dewe/ ora seneng sombong.

   Unggah-ungguh basa jawa sing baku bisa dibedakake dadi papat, yaiku:

  • BASA NGOKO: basa sing lumrah/biasa
            1} Basa ngoko lugu: Cirine iku basane ngoko kabeh, ora kacampuran karo basa liyane.
   sing ngetrapake yaiku wong sapadha-padha sing wis raket banget, bocah pada bocah utawa wong tuwa
   marang bocah.  
   Contone yaiku:
    kardi : "lho no, kowe arep nang endi kok mlayu-mlayu?"
    karno: "arep nang mushola, jam tangan ku keri"
    kardi : "he aku mau weruh digawa kardo nang ruang guru"
    karno: "diserahne sapa?"
    kardi : "pak wisnu, jupuken wae saiki neng ruang guru
    karno: "o iya suwun ya..."
 
            2} Basa ngoko alus/andhap : cirine iku  basane ngoko kecampuran basa krama inggil.
   ditrapeke dening wong sapepadha utawa sing wis akrab banget nanging, tetep ngajeni kayo ibu lan bapak.
    Contone yaiku:
     ibu       : "pak, aku arep budhal. saiki, mengko yen arep dhahar wis dakchepakake ing meja dhahar!"
     bapak  : "o iya, matur nuwun ya bu, sing ngati-ngati neng dalan!"
     ibu       : "iya pak, pangestune. Assalamualaikum..."
     bapak  : "waalikum salam warochmatullahi wabarokatuh.."

  • BASA KRAMA: basane krama kabeh                                                                                     
             1} Basa krama lugu : ditrapake dening bocah nom sing padha durung tepung kanthi ancas ngajeni  sing diajak ngomong. bisa uga kanggo mbasakake awake dhewe utawa kancane marang wong sing luwih tuwa.
      Contone yaiku:
         Bu Parti : "Wen kowe kok lungguh ijen kanca sabangkumu nengendi?"
         Wendy   : "Reny mboten mlebet bu, sakit."
         Bu Parti : "Lha surat ijine dititipake sapa?"
         Wendy   : "Sanjangipun Reny, mangke ibune badhe mriki."

             2} Basa krama alus/inggil : basane kecampuran basa krama inggil. digunakake dening bocah nom utawa wong tuwa marang wong tuwa kanthi ancas ngajeni sing diajak ngomong.
     Contone yaiku:
        Ibune Reny : "Nyuwun sewu, menapa saged pinanggih Bu Parti?"
        Bu Parti      : "o inggih kulapiyambak, mangga pinarak! wonten kersa menapa Bu?"
        Ibune Reny : "Menika badhe ngaturaken surat ijin dhokter, anak kula Reny mboten mlebet amargi sakit."
        Bu Parti      : "o inggih, sakitipun menapa?"
        Ibune Reny : "Typhus."

                                                         
                                                              BUKUNE KERI
                Mulih sekolah Siti karoDewi ora langsung mulih, nanging njujug menyang omahe Slamet. Omahe katon sepi banget, jebul ing iringane omahe ana simbahe Slamet sing lagi ndondomi jarik lawas. Bocah loro uluk salam bebarengan.
Siti lan Dewi      : "Assalamualikum...,, kula nuwun.."
Mbahe Slamet   : "Waalaikum salam, mangga nak.Kowe sapa? Apa kancane Slamet? Ana perlu apa Nak?"
Siti                    : "Nggih mbah, niki ajenge ngeterake bukune Slamet."
Mbahe Slamet   : "oo... mbalekno bukune slamet, bar koksilih ngono pa piye?"
Dewi                 : "Lho mboten mbah, niki kalawau kula manggihaken wonten panggenan sepeda, kula tingali kok namine Slamet."
Mbahe Slamet   : ''Woo.. pancen bocah sembrana, ngawa buku ditinggal sakenggon-enggon!"
Dewi                 : "lho, mboten ngoten mbah."
mbahe slamet    : "he..he.. salah maneh ya....? piye... piye critane?''
Siti lan Dewi      : "nganten lho mbah...."(bocah loro wangsulan bareng), banjur ngguyu bareng
siti                     : "enjing wau pas Olah Raga slamet royokan bal kalian darmaji lan dirman, lajeng siangipun slamet sanjang kecalan bukunipun kamangka benjing wonten ulangan"
Dewi                 : "mbok menawi bukunipun lajeng dipunsingitaken lare kalih niku. sebab biasanipun slamet remen njaragi lan nyingitaken bukunipun kanca-kanca"
Mbahe Slamet   : "Ooo... jalarane ki mangkono tah? pancen slamet nakal tenana kok ya! ya wis mengka dak senenane bocahe"
( dumadakan Slamet teko digoncengsepeda motor dening pak Dodik. driji sikil kiwane diperban dadi mlakune rada pincang, sikut kiwane ya beset kabeh, ana obat merahe. wong telu pada mlayu marani Slamet lan pak Dodik sing isih ana nduwur epeda motor).
Mbahe Slamet   : "lho kena apa kowe leh, pancene bocah kurang ajar, ya ngono iku oleh-olehane yen dadi bocah nakal. iku jenenge kuwalat, hayoo saiki rasakna dhewe.....!" (mbahe Slamet nyedhaki karo muring-muring marang Slamet)
Slamet               : "kancaku lho sing nggarahi dhisek. bukuku disingitne, wong aku lho ora salah Mbah....!" ( Slamet wangsulan karo setengahe mangkeldiseneni neng ngarepe guru lan kanca-kancane)
Siti lan Dewi      : "iya, tapi kena apa met kowe kuwi?"
Slamet               : "ora papa kok, mek kecekluk sithik" ( wangsulan ngopno karo mringis ngampet lara, trus nyawang buku sing digawa mbahe) "kowe mrene ngeterne bukuku ya? wah matur nuwun banget ya"
Dewi                 : "Slamet kenging menapa pak?"
Pak Dodik        : "biasa... kuwih mau tukaran karo Darmaji lan Dirman terus mencolot pager sikile kecantol, kepunting tiba" (karo nuntun Slamet pak Dodik nyedaki mbahe Slamet) "mboten napa-napa kok mbah, niki sukunipun kecantol pager lajeng dhawah"
Mbahe Slamet   : "enggih ngapunten pak, kulo nyuwun ngapunten tumrape nakalipun wayah kula, niki dados ngrepoti panjenengan"
Pak Dodik        : "mboten dados menapa mbah, sampun kawajiban kula,guru ngopeni murid"
Mbahe Slamet   : "wah matur nuwun sanget nggih pak, mugih Pangeran paring wales dumateng panjenengan lan uga marang kowe sapa, Siti lan Dewi ya? Sepisan maneh nuwun ya nak...."
 Wusanane kabeh pada pamitan, dene Slamet dituntun mbahe mlebu ngomah karo terus diomongi akeh-akeh.

  • basa sing digunakaken marang crita ing duwur :
a} mbahe Slamet marang Siti lan Dewi   : Ngoko Lugu
b} Siti lan Dewi marang mbahe Slamet   : Krama Inggil
c} Pak Dodik marang mbahe Slamet      : Krama Lugu
d} Slamet marang Siti lan Dewi              : Ngoko Lugu